Asal-Usul Reog

Cerito reog dimulai soko lelakone rojo bantar angin kang arane raden klana sewandana, wonge tresno karo putri kediri yoiku dewi songgo langit.

Namung putri kediri nolak roso tresnone rojo banjur kabur soko kerajaan kediri lan topo, sak marine topo sang putri oleh pentunjuk gawe nolak lamarane rojo rupo permintaan onone tontonan seni seng gurung pernah katon ndek ndunyo.

Ngerti polae putri kediri kabur, rojo bantar angin banjur goleki sampek ketemu, sak marine ketemu putri sang rojo bantar angin langsung ngrayu bakal nuruti kabeh penjaluke putri kediri.

Rojo bantar angin rodok kebingungan weruh permintaane sang putri rodok abot lan akhire mikir rodok suwe.
Wektu ndek tengahe mikir sang rojo oleh petunjuk soko nyai parwati ndadekke wujud tontonan rupo dadak merak.

Ndelok bentuke dadak merak ono wulu merak gambarne putri lan sirah singo dadi simbole rojo.

Putri kesengsem ngerti tontonan seng dipamerno rojo bantar angin, akhire dewi songgo langit gelem diajak bojoan.

Comments

Popular posts from this blog

Lirik Lagu Roro Jonggrang

Riwayat Mbah Pungkur Ngawen-Blora

Lirik Pepeling