Posts

Showing posts from June 1, 2016

Waktu Kecil Tempo Dulu

Wektu cilik mbiyen lak nangis diweruhne pesawat karo diusek-usek rambut ndek nggon seng loro, teros nangise sudo walaupun rodok misek-misek sak untoro. Lha nek gerang gaplok mosok arep nangis meneh, lak tetep nangisan berarti ora nduwe isin. Jare cah cilik ngerti kancane lagek nangis banjur ngomong "isin-isin, huu gembeng". Nek nangis yo seng wajar ae, ojo ngajak jamaah olehe nangis, kuatire desone banjir lho. Nangis oleh wae asal ora kakean polah, mben ora disokorne arek "sokor numpak motor blebeki kwopok, modyar yo bene".